Kanthi nyebut ing asmane Gusti. Gusti Allah ingkang Maha Mirah. Maha Asih sejatine.
Puja lan puji iku. Amung Allah ingkang ndarbeni. Gustine jagat raya. Ya alam sawegung.
Maha welas asih cetha.
Kang ngratoni dinaning agama yekti. Kukuding alam ndonya.
Amung kunjuk mring Paduka Gusti. Hamba nyembah saha kumawula. Angrerepa dhepe dhepe
Hamba nyuwun pitulung. Tinedahna margi kang yekti.
Margine tiyang kathah. Ingkang bagya tuhu. Paduka Paringi nikmat. Sanes margi, Bebendu lan sasar sami.
Amin tutuping donga